Kulawarga punika dhasaripun masyarakat. Menawi kulawarga makmur lan sejahtera, masyarakat ugi badhe dados tentrem. Sejahtera punika mboten namung babagan materi, nanging ugi kalebet rohani lan moralipun. Gusti Allah lan Rasulullah ﷺ sampun maringi tuntunan supados kulawarga saged njaga kesejahteraan kanthi cara ingkang leres lan berkah.
Dalil Al-Qur’an Bab Ngreksa Kulawarga
Gusti Allah dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ
“He tiyang-tiyang mukmin, jaganen awakmu lan keluargamu saking neraka ingkang kayunipun manungsa lan watu.”
(QS. At-Tahrim: 6)
Ayat punika ngandharaken bilih tanggung jawabipun kepala keluarga punika ngreksa keluarganipun saking perkara ingkang saged ndadosaken murka Gusti Allah. Tuntunan agama kedah dados dhasar kangge nyiptakaken kulawarga ingkang sejahtera.
Dalil Hadist Bab Ngreksa Kulawarga
Rasulullah ﷺ ugi ngendika:
كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْؤُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ
“Saben tiyang punika penanggung jawab lan badhe dipun tanggap dhumateng ingkang dipun tanggung jawabaken.”
(HR. Bukhari lan Muslim)
Hadist punika negesaken bilih kepala keluarga punika minangka pemimpin ing keluarganipun. Tanggung jawabipun boten namung babagan kebutuhan jasmani, nanging ugi rohani lan moralipun anggota kulawarga.
Cara Ngreksa Kulawarga Sejahtera
- Ngajengaken Iman lan Taqwa
Kulawarga ingkang sejahtera kedah ngajengaken iman lan taqwa. Sholat jamaah, ngaji, lan mujahadah bareng ing dalem saged dados laku kangge ngiyataken iman keluarganipun.Gusti Allah dhawuh:وَأْمُرْ أَهْلَكَ بِالصَّلَاةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَا“Dhawuha keluargamu kangge nindakaken sholat lan sabarlah nglampahi punika.”
(QS. Thaha: 132) - Ngupadi Nafkah Ingkang Halal
Kepala keluarga kedah nyukupi kebutuhan materi kanthi cara ingkang halal. Nafkah ingkang halal saged dados berkah kangge kulawarga, dene nafkah ingkang boten halal saged nyebabaken musibah lan ketentreman keluarganipun sirna. - Ngemut Pendidikan lan Karakter
Pendidikan punika kunci kangge mbangun generasi ingkang sae. Kepala keluarga kedah tansah ngleksanani pendidikan moral lan agama dhumateng putranipun, saengga saged dados pribadi ingkang soleh/solehah. - Komunikasi lan Kekompakan
Kekompakan lan rasa tresna ing antawisipun anggota keluarga kedah tansah dipun tingkataken. Rasulullah ﷺ ngendika:خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ“Tiyang ingkang paling sae ing antawisipun kowe punika ingkang sae dhumateng keluarganipun.”
(HR. Tirmidzi)
Ngereksa kulawarga punika dados kewajiban saben kepala keluarga. Kanthi iman, pendidikan, lan tresna kasih ing keluarganipun, kesejahteraan lan ketentreman badhe saged kaleksanan. Mugi-mugi kita sedaya dipun paringi kemampuan kangge ngreksa keluarganipun kanthi leres lan berkah. Wallahu a’lam bish-shawab.
Mugi artikel punika saged paring manfaat lan dados tuntunan kangge ngudi kulawarga ingkang harmonis lan berkah.