Adab ingkang sae utawi sopan santun menika kalebet pérangan ingkang wigati sanget salebetipun piwulang agami Islam. Rasulullah Muhammad SAW sampun paring piwulang bilih agami Islam menika mboten namung babagan ngibadah ritual kemawon, ananging ugi babagan gesang padintenan ingkang kebak adab lan tatakrama. Adab ingkang dipunajengaken menika boten namung saged damel ayemipun tiyang sanès, nanging ugi dados sarana kangge nggayuh ridha saking Allah SWT. Tiyang ingkang gadhah adab ingkang sae menika nggambaraken kados pundi jero lan kuwatipun imane.
Sopan santun ing Islam menika mboten namung babagan cara matur utawi salam, nanging langkung jero saking menika, inggih menika ngaturaken pakurmatan dhumateng saben tiyang, kalebet tiyang ingkang langkung sepuh, tiyang ingkang langkung enèm, lan ugi tiyang ingkang béda kapitadosanipun. Kados ingkang sampun dipunaturaken déning Rasulullah SAW: “ Satemene aku diutus kanggo nyempurnaake akhlak kang sae.” (HR. Al-Bukhari).
Wigatosipun Adab salebetipun Sesrawungan
Salebetipun gesang sosial, adab lan sopan santun menika wigati sanget kagem njagi kerukunan lan harmoni. Islam mulangaken bilih saben tiyang kedah dipunajèni. Nalika wicantenan, kita kedah ngginakaken basa ingkang alus lan tatakrama ingkang prayogi. Allah SWT dhawuh wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Isra’ ayat 53: “Lan ucapna marang kawula-Ku, supaya padha ngucap tembung kang luwih becik. Satemene setan iku tansah ngajak padudon ing antarané wong-wong mau. Satemene setan iku mungsuh kang nyata tumrap manungsa.” (QS. Al-Isra’: 53).
Punika negesaken bilih saben tembung ingkang medal saking lesan kita kedah pinilih kanthi sae supados mboten damel dredah. Adab menika ugi kalebet nggatosaken hak-hak tiyang sanès, kados ta mboten ngganggu ketenanganipun utawi mboten nggatosaken urusanipun tiyang sanès ingkang mboten prelu. Kanthi nindakaken adab ingkang sae, kita saged damel suasana ingkang sae lan nyenengaken ing lingkungan masyarakat.
Adab dhumateng Tiyang Sepuh lan Sesami
Salebetipun ajaran Islam, pakurmatan dhumateng tiyang sepuh menika dipunpanggeni ing posisi ingkang inggil sanget. Kita kedah tansah ngginakaken basa ingkang krama nalika wicantenan kaliyan tiyang sepuh, mboten kenging ngangkat suwanten, lan kedah manut dhumateng dhawuhipun anggenipun mboten nalisir saking syariat. Allah SWT dhawuh ing Al-Qur’an Surat Al-Isra’ ayat 23: “Lan Pangeranira wis dhawuh, aja padha nyembah kajaba Panjenengane, lan supaya padha bekti marang wong tuwa kekaron kanthi sakbeja-bejané. Menawa salah siji utawa kekaroné wis tuwa ana ing ngarepmu, aja nganti ngucapake tembung “ah” marang wong loro mau lan aja mbentak wong loro mau, nanging ucapna marang wong loro mau tembung kang mulya.” (QS. Al-Isra’: 23).
Saklintunipun menika, adab dhumateng sesami manungsa ugi boten kenging dipunlaliaken. Rasulullah SAW ugi ngendika: “Ora bakal iman salah siji ing antaramu, nganti dheweke tresna marang sadulure kaya dene tresna marang awake dhewe.” (HR. Bukhari lan Muslim).
Sopan Santun minangka Kunci Kabagyan
Wonten ing pungkasanipun, sopan santun utawi adab ing Islam menika sanes namung babagan tatakrama sosial kemawon, ananging ugi minangka salah satunggaling kunci kangge nggayuh kesuksesan ing dunya lan kebahagiaan ing akhirat. Akhlak ingkang sae menika salah satunggaling timbangan amal ingkang abot piyambak ing dinten kiamat. Tiyang ingkang gadhah akhlak ingkang luhur badhe dipunpanggenaken celak kaliyan Rasulullah ing swarga.
Kanthi nggatosaken adab, kita saged dados tiyang ingkang luwih migunani lan paring tuladha ingkang sae dhumateng tiyang sanès. Pramila, kita kedah tansah ngupayaaken supados dados pribadi ingkang gadhah akhlak ingkang sae, kanthi nglampahaken sedaya piwulang saking Rasulullah. Mugi-mugi, kanthi menika, kita saged pikantuk ridha saking Allah SWT lan nggayuh kawilujengan ing dunya dumugi akhirat.